Lirik Pantai Baron

Semburat layung sore,
Ono langit siring kulon
Katon endah sesawangan,
Segoro kidul pantai mbaron

Kowe lan aku sak kloro
Lungguh jejer sesandhingan
Prau sampan, nggo sandharan
Nglaras endahe kahanan

Kenangan kuwi, aku ra bakal lali
Naliko marang kowe ngucap
Janji setyo, marang aku, kucap ing lathimu
Mugo-mugo ora lamis
Tulus soko atimu
Aku ndungo

Derese uluhku, nelesi dadaku
Aku wedi sliramu ninggal aku

Dene katresnanmu, tulus kanggo aku
Aku ora mentolo, gawe loro lan kuciwane
Ati iki, kang nyawiji, prasetyo ing janji
Mring sliramu, kekasihku, nganti akhir hayatku

Kowe lan aku sak kloro
Lungguh jejer sesandhingan
Prau sampan, nggo sandharan
Nglaras endahe kahanan

Kenangan kuwi, aku ra bakal lali
Naliko marang kowe kucap

Janji setyo marang aku, kucap ing lathimu
Mugo-mugo ora lamis
Tulus soko atimu
Aku ndungo

Derese uluhku, nelesi dadaku
Aku wedi sliramu ninggal aku

Dene katresnanmu, tulus kanggo aku
Aku ora mentolo, gawe loro lan kuciwane

Ati iki, kang nyawiji, prasetyo ing janji
Mring sliramu, kekasihku, nganti akhir hayatku
Janji setyo marang aku, kucap ing lathimu
Mugo-mugo ora lamis
Tulus soko atimu

Ati iki kang nyawiji prasetyo ing janji
Mring sliramu kekasihku nganti akhir hayatku

Lirik Lagu Via Vallen

Selengkapnya

Berita Artis Terbaru