Lirik Gembeng

Lirik Gembeng
youtube.com/ENYSPRODUCTIONRECORD
Lirik Gembeng
Artist: Shinta Arsinta
Cipt: Iskandar Hanafi X Ads

Yo ben aku gembeng
Dadi wong wedok nangisan
Mergo kroso perih...
Mergo kroso kelaran...
Remuk remukan ati...
Sisone iluh seng drese mili
Sangu ngancani
Peteng wengi kang sepi...

Tresno mu model opo
Mung gawe atiku loro...
Ora teko mikir
Nganti kowe tego...
Tak rewangi atiku nelongso...
Nanging opo iseh mok sio-sio...

Ati seng wes beriman
Di ajar karo kahanan
Mobat mabit kegowo silire angin
Tanpo arah, tanpo tujuan...
Kari pasrah mugi Gusti paring dalan...

Reff:
Yo ben aku gembeng
Dadi wong wedok nangisan
Mergo kroso perih...
Mergo kroso kelaran...
Remuk remukan ati...
Sisone iluh seng drese mili
Sangu ngancani
Peteng wengi kang sepi...

Di wei ati... ngrogoh rempelo...
Di wei tulus... kowe ngeliyo...
Salahku opo... kurang ku opo...
Ojo mung trimo meneng
Tulung jelasno...

Lirik Lagu Shinta Arsinta

Selengkapnya

Berita Artis Terbaru