Lirik Welas Asih
Teka bareng ambi kembange ati
Padang ulan ring pesisir Banyuwangi
Alame tentrem katon asri
Lungguh jejer ambi gesah
Kaya wing sing ana aran susah
Lintang ulane disawang sing mboseni
Nggawe asih sayan kepatri
Kesilir angin krasa adem
Sun dipeluk ambi mesem
Pikiran munting dadi tentrem
Kadung wis jodo ati tentrem
Suling pabrik semengung muni
Tanda bengi wis keliwat wengi
Njingkat bareng haya-kaya sungkan mulih
Kadung ati wis keliwat asih